Selasa, 16 September 2014

Candrane Jago

ndase:Cepuk emas
tunggul nogo

Gulune:Tunggul wulung

Mripate:Merah delima

Jenggere:Emas berliyan

Cucuke:Aran wesi
pulosrani

Kupinge:Suling bremoro

Jembele:Sumber
komojoyo

Rawise:Cinde amoh

Teleke:Wadhah roso

guayane:Teja warno

Ulese:Manco warno

Suwiwine:Belah jagat

Sikile:Songgo bumi


Jalune:sipat jentik gumolo netro


Cakare:Sapu jagad

Buntute:Tebu sauyun sineret,koyok mega diapit kluwung


Kukune:Lempuyang aking

Pakane:Sega putih, iwak ati,jangan kluwih

Ngombene:Wadhah kawah condrodimuko,isine durga pangongso-ongso

Sing ngombeni dulur papat lima badan, sing papat manjing nduk keblat, sing siji wujud, maknane Keblat papat; wetan, kidul, kulon, lor. Maknane wujud;pancer

Pangkringane:Kajeng krudo mandero

Paturone:Dalem madigondo, bantal piwarah, kemul pitutur

Kurungane: lair lan batin,

Mudune:jengkar guling kursi gading

Kluruke:wayah jam wolu esuk, metu nduk ayunane sidodadi, diapit lan diadep para priyayi, diwulang bapak naib

Wulangane: Laras kalih agamane, dene nek Islam nggih sahadat

Apa Penyebab Kita Bersin

Bersin pada dasarnya adalah mekanisme alamiah tubuh untuk mengeluarkan materi atau partikel asing dan berbahaya dari dalam hidung. Tujuanny...